Senin, 04 Oktober 2010

Paregrek

langit mesem tuwa
nggeguyu angin kang
dumadakan ngutahake udan wesi tanpa menehi tengara

alas kang kasisa
dina iki klakon entek kobong kadilat baya

alap-alap lan wulung bebarengan mabur mengetan
abure sempoyongan mbopong manuk-manuk prenjak lan manuk merak
kang lare wis brondhol kaslomot geni

asu ajag lan macan mlayu mengulon
nggandheng wedhus lan sapi kang
sikile pincang kena pecahan watu

nalikaning bumi sansaya sumpeg dikebaki menungsa srakah
ora ana gunane sliramu maca kidhung karahayon

minangka jejering panguwasa
angkaten tangan panguwasamu
ratakna lemah kang mbendhul
Kauman, 18 Maret 2010
geguritan ini pernah dimuat di Jaya Baya

0 komentar:

Poskan Komentar