WEKTUNE WIS MEH NGASHAR
Dening : Isngadi Marwah Atmadja
“Miturut etungan, wektu luhur iku pancen panjang, ora kaya maghrib kang cekak. Nanging yen dilakoni wektu luhur iku krasa mepet banget. Sliramu bakal asring kaget, awit ngerti-ngerti wektune wus ndungkap ngashar. Mula yen wus krungu adan luhur engal-enggala shalat, mundak kaselak lali ketutup akehing ayahan”.
Mengkono iku dhawuhe Ibu saben-saben aku nembe rampung maem awan sabaline anggonku sekolah ana SD ing cedhak omah. Nanging dngashar bocah ndableg, senajan saben dina dielingake ayahan rutin iku durung bisa manggon dadi rutinitas. Mula saben dina Ibu terus kudu mbaleni dhawuh iku, tanpa bosen. Kaya nyetel kaset lawas.
Lageyanku iki beda banget karo kangmasku lajer kang yen didhawuhi sepisan wae mesti dilakoni kanggo selawase. Aku ora ngerti apa pancen bocah ragil iku kudu kaya aku. Ora bisa lan ora gelem nglakoni apa wae yen ora didhawuhi Ibu. Beda banget karo kangmasku, nalikaning dheweke sekolah ing SMP sing rada adoh saka omah dheweke mesti sangu sarung dilebokake tas. Kanggo shalat sadurunge mulih saka sekolahan. Dene aku, nganti seprene isih sering kasep anggonke shalat luhur.
Jam siji tengah wengi, HPku muni minangka tanda ana sms sing mlebu. Surasane cekak “Sugeng Tanggap warsa kaping 32, muga-muga enggal ketemu sing diupadi” pengirime nomer anyar sing durung takkenal.
“Telung puluh loro taun?” Aku nggresah alon. Pranyata umurku wus luwih saka separo laku. Guru ngajiku biyen nate crita menawa yuswane kanjeng Nabi Adam iku luwih saka sewu taun, Nabi Nuh 900 taun, dene Nabi Ibrahim yuswa 70 taun nembe tetak, dene Kanjeng Nabi Muhammad “mung” 60 taun.
Aku ora ngerti apa pancen yuswane para Nabi iku panjange nganti semono apa mung dongengan wae. Perkara yuswa panjange para Nabi iku pancen ora perlu dianggo bebantahan. Dene yuswane kanjeng Nabi Muhammad kang mung 60 taun iku wus mlebu kitab sejarah kang ora kabantah. Nalika iku guru ngajiku dhawuh, menawa minangka ummate kanjeng Nabi Muhammad umure menungsa saiki maju-mundure ya mung semono, yen ana sing keparing umur nganti saabad iku klebu langka. Mula menawa umurku saiki wus 32 taun ateges jatah uripku ing ngalam donya kari 28 taun. Umur 32 taun iku wus kena diarani kliwat saka separo jatah.
“Telung puluh loro taun?” aku bali nggresah, kanti aras-arasen saklar lampu kamar takuripake lan banjur taksawang ngilon gedhe kang takpasang ing samping rak buku. Ngilon gedhe kang dipigura kayu jati ukiran Jepara iku ora olehku tuku nanging warisan kanca kamarku nalika isih ana ing asrama SMA, 18 taun kepungkur. Taksebut warisan pancen sing menehi wis tinggal donya sedina sakwuse masrahake ngilon iku marang aku.
“Sur, yen aku ora bali maneh ing asrama, ngilon iki dadi duwekmu anggonen selawase, kanggo kenangan menawa sliramu nate nduwe kanca sing jenenge Rahmat Bumi Abimanyu”.
“Bim, yen arep pindah sekolah kudune ngenteni sasi Juli” Jawabku nalika iku
“Aku ora arep pindah sekolah nanging pindah alam” jawabe isih karo ngguyu tanpa beban.
Pranyata tembung iku dadi kasunyatan, wanci pelajaran jam pertama kepala sekolah mlebu ruang kelasku lan ngumumumake menawa Abimanyu tinggal donya wingi sore. limalas menit sakwuse dheweke teka ana ngomah.
Taksawang praupanku ing ngilon warisan iku, takjingelengi mbaka saksenti. Rambutku pancen durung ana sing putih nanging rupaku katon wus banget beda karo fotoku kang jejer Abimanyu nalika MOS kelas siji SMA.
“Bim, telulikur kancane dhewe kabeh wus nikah, mung nyisasake Aku karo Sliramu”.
Mesti wae foto sing dakajak ngomong iku ora bisa nyauri.
Saka nyawang foto nalika kelas siji SMA panyawangku banjur pindah ing foto acara pelepasan siswa. Nalika aku nampa medhali siswa berprestasi, banjur ing foto nalika ospek, foto nalika mancing bebarengan ing wadhuk Sermo, nalika munggah gunung Rinjani, nalika nembus alas pedalaman kalimantan, nalika nyusur kali Musi, lan terakhir fotoku sing nganggo toga sarjana lengkap diapit kangmas lan Ibuku ing dina wisudaku. Ing kabeh foto iku praupanku katon sumringah kaya tanpa nduweni rasa kesel. Sunaring mripatku uga katon sumorot kebak gegayuhan sing sarwa optimis. Sunar mripat iku wus asring gawe para kenya kacipuhan nalika kena panyawange. Nalika iku, kaya-kaya kabeh isine donya bisa takgenggem ing telapak tanganku.
Bubar nyawang larikan foto-foto lawas panyawangku bali ing kaca pangilon. Praupan iku isih praupan kang padha karo praupan sing kasunging ing foto-foto lawas iku, ananging praupan kang ana ing pangilon iki katon suntrut lan sajak banget kesel kebak sesanggan. Sunar mripat iku uga katon kaya sunar mripate wong sing uripe mung kepeksa urip. Tanpa gegayuhan. Sunar mripat sing ora bakal bisa maneh kanggo srana mencutake para kenya, kaya nalika jaman semana.
“Pranyata jaman iku terus lumaku, akeh banget kang wus gumanti” aku bali nggresah. Kanti aras-arasen aku jumangkah ing kamar mandi, embuh ana daya apa lan saka ngendi kang ngendaleni pangrasaku. Aku kepengin adus kramas, senajan hawa tengah wengi ing mangsa ketiga ngene iki banget anyep nembus sumsum.
Bubar kramas rasane awak dadi rada seger lan ing pikiran uga krasa luwih enteng. Takjupuk sajadah batik tinggalane suwargi Bapak. Nalika isih sugeng, Bapak mesti ngagem sajadah iku kanggo shalat wengi ing langgar panggung kulon ngomah, saka jam loro nganti subuh, kadang jamaah karo Ibu kadang uga dhewekan. Nalika Bapak seda, Ibu maringake sajadah iku marang aku, embuh apa maksude, kamangka Ibu banget pirsa menawa ing antarane para putrane sing cacah wolu, anak ragile iki sing paling keset nindakake shalat. Apamaneh shalat wengi lan shalat sunnah liyane, shalat wajib limang wektu wae akeh kang kacicir.
Sajadah batik iku nuli takebatake saka lempitan, ana ganda apeg kang mligi metu saka sajadah tuwa sing saiki wus ana tanganku. Ganda apeg iku ngontalake angen-angenku bali ing jaman semana, nalika aku isih asring nangis keweden ing kekepane Bapak ing kalane wengi udan deres kebak gludhug.
Embuh pirang jam anggonku shalat. Nalika aku salam ing rekaat kaping sewelas, Mesjid Al-Husna sing ana ing ujung gang wiwit ngumandangake swara ngaji, pratanda wektu subuh enggal teka. Ana rasa tentrem rumesep jroning atiku, rasa tentrem kang wus suwe ora takrasakake.
Nalika iku Hpku bali muni. Ana telpun kang mlebu. Pranyata saka Ibu,
“Wis tangi Le?” Saka sebrang kana Ibu ndangu aku.
“Sampun Bu” Jawabku
“Syukur yen wis tangi, yen ora salah dina iki awakmu ulang taun ya Le. Yen aku ora salah etung dina iki ulang taunmu sing kaping telungpuluh loro”.
“Leres Bu” jawabku maneh.
“Ora krasa, wus meh nyedhaki wektu ngngashar. Kamangka kaya-kaya nembe dek wingi wae aku ngeterake awakmu tetak ing daleme Pak Calak”
“Sakmenika nembe manjing wekdal subuh bu” aku nyoba nglurusake ature Ibu.
“Aku ngerti Le. Apa kok anggep Ibumu iki wus pikun apa piye ora bisa mbedakake wektu ngngashar karo subuh. Maksudku iku wayahmu iku sing wus nyedaki wektu ngngashar. Wayahmu dudu wayahing srengenge”
“Genahipun pripun Bu?” aku miterang. Durung ngerti arah dhawuhe Ibu.
“Mungguhing dina, umurku iki weh meh maghrib. Sedhela maneh surup. Entek cahyane. Entek jatahe. Angslup ing cakrawala, dikubur ing jero bumi”.
“Ampun mekaten ta Bu, Ibu dereng sepuh sanget. Ampun damel kula ajrih Bu”. Jawabku rada ngerti karepe Ibu.
“Iki kasunyatan Ngger. Embuh kapan wektune aku mesti tinimbalan, kudu bali ing ngarsa-Ne, kari ngenteni wektu wae. Iku ora penting Le. Sing luwih penting saiki iki umurmu wis meh mlebu wektu ngashar, kamangka awakmu durung nindakake shalat luhur. Enggala shalat Luhur ta Le, mumpung Ibu isih bisa nunggoni!”.
Bubar dhawuh ngono iku Ibu terus nutup telpon, kaya-kaya ora kersa nunggu jawabanku. Yen wus ngono iku aku wus apal, Ibu ora gelem dibantah. Dhawuhe iku kudu dakleksanakake.
“Telung puluh loro taun. Pancen wis meh wektu ngashar” Aku bali nggresah.
Nalika Ibu dhawuh supaya aku shalat enggal shalat Luhur aku banjur eling dhawuhe Suwargi Bapak. Wektu shalat kang ana lima iku padha karo cacahe babagan uripe menungsa. Subuh iku wektu lair, luhur padha karo wektu bebrayan, ngashar wektu nggulawentah anak, maghrib wektu mati lan ngisak iku wektu nampa pengadilane Pangeran.
Wayahe pancen wus ndungkap wektu ngashar.
“Ibu. Panjenengan leres, wektu Luhur niku panjang, nanging kados namung kumlebat ketutup katahing jejibahan”. Sepisan maneh aku nggresah lan bajur nyaut sajadah. Budhal menyang mesjid shalat subuh. Sapa ngerti ketemu Prawan sing gelem dakajak jamaah shalat luhur sakngashare.
Glagah, 3 Rejeb 1940 Ehe
Cerpen ini pernah dimuat di Majalah Jaya Baya Surabaya
0 komentar:
Poskan Komentar