Senin, 09 Februari 2009

kaya gebyaring tatit

KAYA GEBYARING TATIT
(bacute Crita Tas Plastik Wadhah Tresna)
Dening: K’ Ies Marwah Atmadja
Dina Rebo sing dak anti-anti wus teka. Dina iki taksengaja mangkat neng kantor luwih esuk tinimbang biasane. Jam 07.45 aku wus lungguh ing ngarep komputerku, kamangka biasane jam 08.30 lagi teka. Kanti pamrih bisa enggal mbukak email lan maca bacute crita katresnane Putri Sekardadu.
Putri Sekardadu iku jeneng lawas kang nate angrem ing atiku. Jeneng asline Cahyaningtyas Dyah Palupi, nanging amerga saben dina nganggo barang-barang sing werna jambon (kejaba klambi seragam sekolahe, kabeh barang lan klambine mesti werna jambon) mula dening kanca-kanca diparabi “pinky” kaya parabane Perdana Menteri Bhenazir Bhuto kang nalika sekolah ing Inggris uga uga seneng nganggo klambi jambon.
Aku ora seneng karo julukan iku, mula nalika nemu dasanamane werna jambon iku werna dadu, lan yen nyawang utawa lungguh jejer karo dheweke kaya-kaya donya jroning atiku dadi kebak kembang mula dheweke takparabi Sekardadu, kang artine kembang kang werna jambon. Kembange atiku, kembange turuku, lan uga kembange angen-angenku.
Nalika dheweke takwenehi ngerti paraban iku, dheweke uga uga ora kabotan malah seneng banget. Sekardadu sing jarene padha karo jeneng Putrine Raja Blambangan kang digarwa Maulana Ishaq kang akhire nurunanake Raden Paku alias Sunan Giri, Raja Pandhita ing Girikedhaton.
“Senajan jenengku panjengan ganti dadi Sekardadu, nanging nasibku ora kepengin kaya nasibe Putri Sekardadu kang nalika nembe telung minggu dadi manten wis ditinggal lunga dening Maulana Ishaq”. Palupi nalika iku.
“Ojo kuwatir. Selawase aku isih urip, aku ora bakal ninggalake awakmu apamaneh yrn nembe dadi manten”.
“Enak wae, memange apa aku gelem dadi manten karo panjenengan?” Jawabe karo mleruk manja kang endahe nganti seprene durung bisa daklalekake.
“Ya kudu gelem, wong ing kitab jejodowane Dewa Amor lan Dewa Kamajaya jenengmu lan jenengku wus ditulis kudhu nyawiji”. Jawabku sakenane.
“Yen sampeyan gelem janji bakal setya kaya Narashoma marang Pujawati utawa Basukarna marang Surtikanti, aku gelem dadi garwane panjenengan”. Kandhane alon tanpa nyawang aku.
Nalika ngucapake tembung iku, taksawang pipine kang wus jambon katon mrabak tansaya manis lan tanpa ngenteni jawabanku dheweke mlayu bali karo nutupi tutuk nganggo pucuk jilbab.
Karo ngenteni loadinge iternet adegan sore iku bali gumawang ing memori. Adegan drama sakbabak sing paling nandhes ati sadawaning sejarah uripku. Ananging wolung wulan sakwuse kedadean iku, bebarengan karo ajuring atiku nalika kudu nampa paiting kasunyatan, parabane Palupi daktambahi Putri, dadi Putri Sekardadu.
Wengi nalika lagi mulih nglatih bocah-bocah latihan pencak aku dilungguhake bapak ing lincak ngarep. Yen wus ngene iki aku wani mestekake ana masalah sing kudu dirembug kanti serius.
Sakwuse nyumet rokok klobote Bapak bajur dhawuh, “Mau sore Kaji Nurhasim (Bapake Palupi) mrene lan paring dhawuh marang aku, kang intine supaya kowe ora sesambungan maneh karo Ning Palupi”.
Senajan ora ana lindhu jagad dadi horeg kaya digedrug Buta Locaya. Sepisan maneh Bapak nyedhot rokok klobote lan ngebulake keluke sing ora akeh lan banjur nerusake dhawuh, “Damar, senajan saiki jaman wis gumanti, awakmu kudu isih bisa nyawang gelaring kasunyatan. Drajate awakmu iku adoh banget karo Ning Palupi. Awakmu iku drajat abdi, Ning Cahyaningtyas Dyah Palupi iku Putri Sekarkedaton. Awakmu kudu ngerti, uripmu lan uga kabeh kulawarga kene bisa lestari nganti seprene ya merga kawelasane Kaji Nurhasim. Awakmu ya wus ngerti menawa ya Kaji Nurhasim iku sing nyukupi kabeh biaya sekolah ngati kuliahmu saiki. Mula, senajan abot dhawuhe Kaji Nurhasim iku kudu kokturuti”.
Bubar shalat subuh aku gage methuki Kaji Nurhasim kang uga lagi metu saka mesjid karo garwa lan putri ontang-antinge. Esuk iku aku pamit arep budhal bali ing Yogya. Kaya Biasane menawa mangsa liburan kuliahku wus entek lan kudu bali ing Yogya aku mesti pamitan karo keluargane Kaji Nurhasim kang pancen cedhak banget karo keluwargaku. Cedhake juragan karo abdi.
“Jare libure nganti senin, saiki lagi dina kemis kok wus arep bali neng Yogya?” Pitakone Palupi nalika iku.
“Kasinggihan Gusti Putri, namung kemawon kula gadhah urusan ingkang kedhah kula rampungi wonten dinten menika Gusti Putri” jawabku nganggo krama inggil maksimalku kanti penekanan ing tembung Gusti Putri.
“Gusti Putri-Gutri Putri kaya kethoprakan wae, nganggo basa krama pisan. Panjenengan apa pancen lagi ajar kethoprak tenanan mas?” Komentare Palupi karo ngguyu, durung ngerti owahing kahanan, Kaji Nurhasim lan garwane uga melu mesem kebak teges, dene aku uga melu mesem karo ngempet perihing tatu.
Wiwit dina iku aku ora nate ketemu Palupi maneh, menawa libur kuliah aku uga malih ora nate bali, Palupi uga dikirim ing pesantren ing Garut Jawa Barat.
Sakwuse internet loading, ing kotak surat emailku pranyata pancen wus ana email saka Sekardadu mula enggal-enggal wae takdownload lan takwaca.
Ora kaya minggu wingi, dina iki surasane luwih cekak lan nggregetake. “Mas Damar, dina iki takbayar janjiku ngirim terusane critaku minggu wingi. Panjenengan kudu ngerti menawa nganti dina iki, adhimu iki ora nate nyidrani janji”. Dene attachmet mangkene :****
Sakwuse aku kekancan karo Cahyandaru, dina mbaka dina takpecaki kanti rasa kang beda, kebak rasa optimis nurut gingsire jaman. Aku sing saksuwene iki rumangsa dudu sapa-sapa kejaba putrine Kaji Nurhasim Tuan Takur Desa Dwarawati, dadi beda, aku rumangsa dielingake menawa aku iki titahe Pangeran kang nduweni jejibahan mikul dharma makmurake bumi lan kudu melu udhu ing gumuruhing peradaban. Aku kudu melu nyumet sentir kanggo nelukake petenge wengi. Aku kudu melu ngegarake payung godhong kanggo nglawan panase srengenge awan. Senajan mung saklembar plastik aku kudu melu mbuwang uwuh kang ngregedi ratane panguripan.
Sakliyane nampa kesadharan anyar kaya iku. Tekane Cahyandaru uga ngajak aku mbaleni kesenenganku jaman biyen. Nyawang Lintang. Nanging kanti filosofi kang beda.
Biyen nalika isih ‘bocah’ aku nate kekancan akrab karo wong sing jenenge Damar sing kabare saiki wus dadi redaktur ing sawijining majalah sakwuse gagal dadi ilmuwan lan uga banjur gagal maneh dadi seniman (aku bener to mas). Sakjane kok ya mesakke temen nasibmu mas, wus gagal jroning cinta-asmara kok ya kudu bola-bali gagal maneh ngoyak cita panguripan. He he.
Wektu iku Damar ngajari aku nyawang lintang ing langit wengi. “Sawangen lintang-lintang iku lan suwungna nalarmu saka sakehing pepenginan, sliaramu bakal ngrasa sawjining rasa sepi kang banget nandhes ati. Ing kono sliramu bakal kaweleh menawa sejatine menungsa iku ora ana apa-apane. Sawangen! saben detik mesti ana lintang kang cumlorot tiba, ing titimangsane bumi iki uga bakal ngalami nasib kang padha karo lintang-lintang kang cumlorot iku. Menungsa bisa apa”.
Damar pancen wong lanang kang tanpa nyali sing kuwat, terus rumangsa cilik ing tengahing jagad raya. Ora kaya Cahyandaru sing tansah rumangsa menawa dheweke kudu tansah dadi bagiane jagad. Malah kala-kala dheweke kerep kandha, “Jagad saisine iki kacipta Pangeran mung kanggo aku, sliramu lan kabeh manungsa iku mung kapatah ngancani aku”. Kurangajar to?. Ojo nesu ya mas, menawa sliramu kepeksa dakbanding-badingake. Ananging menawa sliramu gelem mbaleni sekabehane, kanti cara optimis lan nekad setitik, mesti dalane bakal beda lan sliramu ora gagal maneh, paling ora jroning ngoyak tresna. Tapi aku ya ora yakin, apa tresna sing jaremu langgeng lan nate mecah jiwamu iku, dina iki isih ana lan isih pada karo biyen.
Ngenani lintang, Cahyandaru senengane kandha, “Saben wengi sakwuse wudlu kanggo shalat wengi aku mesti nyawang lintang. Aku seneng marang lintang-lintang ing angkasa, utamane kang cumlorot tiba, senajan mung cumlorot sedhela lintang kang tiba iku bisa menehi kaendahan kang banget ngelami-elami marang jembaring langit”.
Kahanan kang nyenengake iki wus lumaku limasan dina, ananging aku durung percaya menawa ana bibit tresna kang ngrembaka ing atiku. Bola-bali aku kepengin mantepake lan ngakoni anane rasa iku, bola-bali uga wewayanganmu mecah lan ngrusak sekabehane mas. Ketoke sliramu pancen wus banget jero ambles ing atiku. Tanpa dakpengini wewayanganmu bola-bali kumlebat, jroning ngimpi lan sadharku.
Mula, nalika Bapak kirim sms, aku ora bisa kudu njawab piye. Smse bapak iku mangkene “Palupi, wingi esuk Kaji Muhsin nakokake kabarmu menawa awakmu durung duwe calon, Kaji Muhsin pengin ngepek mantu awakmu diolehake anake ragil sing Juli sesuk lulus Master saka Madinah. Pikirna lamaran iku nanging yen awakmu wus duwe pilihan aku ora meksa”.
Aku ora ngerti kudu njawab kepriye, mula sms iku daktuduhake Cahyandaru kang nalika aku nampa sms iku lagi jejagongan karo aku lan Enny. Sakwuse maca sms Daru ngunjal napas landung karo mbalekake hpku, kang bajur takulungake Enny kang kawit mau nyawang kanti mripate kang ketip-ketip.
“Palupi, maksudmu piye kok sms iku koktuduhake aku?”
“Ora ana maksud apa-apa mas, mung wae aku kepengin entuk pertimbangan kudu jawab kepiye?”
“Maksude mbak Palupi, menawa panjenengan diakokake minangka calone mbak Palupi, apa panjenengan kersa?” Lambe tipise Enny nrambul tanpa disadari.
“Ora ngono mas” sautku gugup karo mendheliki Enny kang uga rumangsa keduwung.
Sepisan maneh Daru unjal ambegan dawa lan terus kandha, “Satemene aku wus suwe kepengin ngomong nanging aku isih ragu-ragu, dina iki malah entuk dalan. Prinsipe aku ora kabotan diaku dadi calone mbak Palupi, yen ditenani aku malah luwih seneng, nanging aku ora bisa njawab saiki, entenana limang dina engkas sliramu bakal ngerti jawabanku”.
Rong dina sakwuse dina iku aku krungu kabar menawa Daru mlebu rumah sakit, dina iku aku, Enny, lan Mas Thufail mbesuk dheweke, nalika dakbesuk awake katon lemes banget ketancepan selang-selang infus sing ora mung loro lan nafase kudu dibantu tabung oksigen. Dheweke ora bisa kandha apa-apa, nanging mripat iku isih katon murup nentremake dene esem manise uga ora ilang saka pojoking latine.
Ora rinasa wus telung dina Daru dirawat rumahsakit, ing wektu ngarepake subuh aku entuk sms saka no hpne, Nak Palupi, limangmenit kepungkur Cahyandaru wus kapundhut Gusti, dheweke meling supaya panjenengan dikabari paling dhisik ngenani kahanane. Ibune Daru.
Sms iku dakwaca bala-bali ananging surasane tetep padha, taksawang almanak ing mejaku nuduhake tanggal 19 Januari 2007 lan tanggal iku wus takbunderi, aku dadi eling menawa ing dina jemah iki aku bakal oleh jawaban saka Daru ngenani sms saka bapak limang dina kepungkur.
“Cahyandaru apa iki jawabanmu” Aku ngresah alon banjur metu ing kamare Enny.
“Innalillahi wainnailaihi raji’un, kabeh iku kagungane Gusti lan bakal bali marang sumbere. Sing sabar ya mbak...” mung tembung iku sing bisa dikandhakake Enny karo ngrangkul aku sinambi nangis, dene aku dhewe uga banjur melu mingseg-mingseg.
Bubar shalat subuh aku karo Enny banjur budhal ing rumah sakit. Nalika aku mlebu ing kamar perawatan, layone Daru durung dipindah lan keluwargane uga isih ngumpul ing ruangan iku. Ananging ora ana tangis kang keprungu kabeh sajak ikhlas nampa tekane kasunyatan iku. Ibune Daru sing paling dhisik weruh tekaku gage nyalami lan isih kober mesem.
Sakwuse cukup bage-binage Ibune Daru bajur ngajak aku metu saka kamar lan banjur kandha, “Nak Palupi, dakjaluk sliramu bisa ngapura sakehing kaluputane Daru, tengah wengi mau Daru nitip layang iki kanggo sliramu, dheweke kandha kabeh jawaban kang dijanjekake marang sliramu wus ana ing layang iki. Dheweke uga titip weling, panjenengan ora perlu ngeterake dheweke tekan Bondowoso”.
Aku mung bisa manthuk lan ngucap panuwun nalika nampa amplop putih polos kang diathungake Ibune Daru.
Nalika mobil jenazahe Darui budhal ing Bondowoso aku uga bali ing kos-kosan. Layang enggal takbukak lan takwaca.
Kanggo mitraku Cahyaningtyas
Palupi, menawa aku diparingi wektu rada dawa dening Pangeran, satemen aku kepengin dadi Bapake anak-anakmu, nanging dokter sing mriksa aku wus mestekake menawa uripku ora bisa suwe, wiwit lair aku nduweni kelainan jantung lan wiwit umur limang taun aku uga kena kanker getih, saka penyakit loro iku para dokter wus ngramal menawa uriku ora bisa ngliwati angka 28 taun. Wolung wulan kepungkur aku kena syrosis lan wulan wingi ginjelku sing kari sasisih iki uga wiwit sering ngadat, jantung lan paru-paruku uga sering kumat. Tanpa ndisiki kersane Gusti, aku wus yakin menawa uripku ora bakal suwe maneh. Supaya ora ana sing ketaton, kabeh pepenginan iku mung takpendhem jroning ati.
Palupi, aku uga kepengin jujur, sakwuse aku kenal sliramu, dina-dina pungkasanku iki krasa luwih endah, mula aku banget matursuwun marang sliramu kanggo kabeh iku. Senajan mung sedhela, aku wus bisa ngrasa endahing ‘donya kang kokcipta kanggo aku’ sepisan maneh matursuwun mitraku.
18 Januari 2007
Mitramu, Cahyandaru Atijatmika
NB. Yen sliramu isih seneng nyawang lintang kaya bisane, golekana lintang kang paling padhang, wektu iku aku uga nyawang lintang kang padha. Saka papan liya.
Ora krasa ana banyu bening kang bali netes saka mripatku, layang age-age dakulungake Enny kang lunguh ing ngarepku. Bubar maca, Enny malah nangis kamisesegen.
Dina iku ing buku diary kang sampule Jambon --hadiah ulang taun saka Damar embuh pirang taun kepungkur— taktulis mangkene.
Cahyandaru/ kaya jenengmu, tekamu prasasat mung cumlorot kaya daru/ padhang lan endah/ kanggo ilang lan sirna ing garising cakrawala/ senajan mung sedhela tekamu bisa nggarit petenging wengiku.
Damar Suluh Bawana/ apa sliramu uga bisa kaya jenengmu?/ dadi suluhing jagad/ dadi pepadhang jroning atiku?
Tekan semene aku ora bisa nerusake tulisanku lan uga ora bisa nerusake critaku. Enny kang melu maca tulisan ing diaryku mung gedheg karo ngempet tangis. ***
Mas Damar, tulung critaku iki panjenengan gawekake ending lan diwenehi judul sing apik. Menawa panjenengan pengin ngubungi aku bisa lewat email iki utawa lewat telpun, nomerku 085729501326
Jati, 7 Pebruari 2009
Adhimu sing kadangkala isih kangen sliramu/ Palupi Tomboy, Sekardadu tanpa Gusti Putri.
Palupi, wektu iki uga aku kepengin nelpun sliramu lan kandha menawa aku tansah kepengin dadi pepadhang jroning uripmu, malah yen Thufail karo Enny arep nikah tanggal 15 Juni, aku kepengin nikah karo sliramu tanggal 15 Maret, yen isa malah ing sasi Pebruari iki. Ananging apa keluwargamu bisa nampa tekaku? Apa trah Agunge Bani Kaji Nursani gelem nduwe mantu saka turuning gedibal sangalikure dhewe, ilmuwan magel lan seniman gagal iki?
Palupi, aku kudu kepiye?
Warungboto, 10 Muharam 1430
_________
Cerita ini pernah dimuat di Majalah Jaya Baya Surabaya (dengan sedikit modifikasi), tapi aku lupa edisinya

0 komentar:

Poskan Komentar