
BIYUNGKU KANG ORA NATE NANGIS
Dening : Isngadi Marwah Atmadja
Tanpa suwara
sliramu terus lumayu
nantang tumiyuping angin ketiga
mung kanggo nyabrangake ilining toya
nurut lurung dharma kang kapentang sansaya dawa
tanpa suwara
sliramu terus lumayu
tanpa maelu cacahing tatu kang
terus nambah saben wektu
kanti kringet lan getihmu
mbaka siji para putramu
kok lantarake nyabrang samodra geni
: Biyung aku wenehana wektu
kanggo ngabekti
___________
Geguritan ini pernah dimuat dalam majalah Jaya Baya (dengan beberapa perubahan kecil) yang aku lupa edisinya
0 komentar:
Poskan Komentar