Selasa, 06 Januari 2009

tas plastik

TAS PLASTIK WADHAH TRESNA
Dening : K’ Ies Marwah Atmadja
Kaya biasane, sakdurunge ngedit naskah sing kudu terbit, aku mbukak email. Ngecek menawa ana kiriman naskah anyar, ana naskah artikel cacah selawe lan resensi buku ana pitulikur. Nanging ana email sing subjeke sajak aneh “Crita katresnan Episode I”. Kawitane takkira wong salah kirim awit ing majalahku ora ana rubrike sastra, apamaneh email iki dak gawe khusus kanggo nampa naskah rubrik sing dakgawangi yaiku resensi buku lan artikel umum. Nalika takwaca pengirime Putri_Sekardadu, aku dadi sansaya penasaran, apa iki Putri Sekardadu kang padha, kang limang taun kepungkur nate nancepake eri mawar ing pulung atiku.
Email iku cekak wae.
Mas Damar, aku nate janji karo panjenengan menawa ing sawijining dina mengko aku uga kepengin bisa ngarang kaya sliramu. Biyen panjenengan nate janji saguh ngoreksi karanganku. Dina iki janji iku takjaluk, tuluing karnganku iki dikoreksi lan diwenehi judul sing apik. Karangan iki satemene kisah nyataku Mas.
Attachment (lampiran email) age-age tak download terus takwaca
***
“Sampun mbak, mboten usah diplastiki langsung kula lebetke tas mawon”
Kandhane pawongan sing mbayar blanjane ing kasir iku karo ngathongake tase ing meja kasir. Kanggoku adegan iku minangka hal sing ganjil. Sak ora-orane aneh. Blanja ing minimarket kok nggawa tas dhewe saka ngomah. Jan gak praktis blas.
Telung dina sakwuse iku aku bali ketemu karo pawongan ing minimarket sing padha, dheweke uga ngambali adegan iku lan lambeku kang ora kekontrol langsung takon, “Kok nggawa tas dhewe saka ngomah, apa mboten ribet mas?”
Pawongan iku noleh lan mesem ing arahku, sing.... masya Allah jebule eseme sak wajahe manis banget ndadekake aku kecipuhan isih ditambah salah tingkah ora karuwan. Kamangka sakwuse aku mlebu pesantren wolung taun kepungkur nganti saiki aku ora nate nduwe penyakit grogi ngadhepi sapa wae, malah cowok-cowok iku sing biasane dak gawe grogi gak karu-karuwan yen kudu ngadepi aku, sing dening kanca-kanca dijuluki Patung Giok Berhati Salju.
Yen dinalar pancen keladuk tenan bocah-bocah iku olehe menehui julukan. Senajan giok iku barang langka lan larang regane yen patung tetep wae barang mati, kaya ngono isih ditambahi berhati salju. Jan cool tenan ta?
Apa merga nganti umurku 25 taun aku durung nate pacaran lan durung nate jauh cinta iki ya, kanca-kana banjur njuluki aku minangka patung giok sing adem banget iku. Nanging ben wae iku perkara julukan iku ora sah dibahas. Pembahasane saiki bali ing perkara si pemilik esem manis iku wae.
“Dibandingake karo mulihake bumi saka kabeh unsur sing gawe pencemaran, nggawa tas blanja saka ngomah ngene iki blas ora ribet”.
Mati aku, jebul jawabane kok adoh banget tekan Solo bablas Semarang banjur bali ing Demak isih mampir Jepara mlipir pantai Benteng Portugis. Tekan Benteng Portugis aku banjur kelingan karo mbah Leseh sing wong Portugal iku lan banjur kelingan karo artikel ing jurnal sing nate takwaca nalika kuliah musim panas ing Lissabon, menawa sampah sing paling angel didaur ulang bumi lan uga paling cepet ngebaki jagad iku sampah sing bahane saka plastik, klebu tas-tas plastik sing biasa dianggo wadah blanja saka minimarket iki.
“Bener ora mbak?”
Cowok manis nganggo kaos coklat aku nanjihake jawabane karo isih diimbuhi eseme sakcrit. Najan mung sak crit ning esem iku kuwawa nembus ati. (kaya esemmu Mas tapi ojo GR ya)
“Ya, ya.... ya bener” jawabanku semu gragapagan
“Panjenengan aktivis green peace utawa LSM lingkungan mas?”
Pitakonku sakwuse rada isa ngendaleni gronjalaning ati.
“Ora, aku nglakoni iki merga ajaran agamaku, merga dawuhe Kanjeng Nabi Muhammad Sallahu alaihi Wasalam”
Skak-ster. Mati kuadrat aku saiki. Aku sing wus nyatri enem taun ditambah sinau ngenani agama tekan Eropa lan uga Timur Tengah kok durung nate mikir nganti tekan semono. Jawaban iku kaya-kaya melehake penampilanku sing nganggo jilbab gedhe lan diceluk akhwat saben dina.
“Mak... maksude pripun?”
Pitakonku mbodoni
“Panjengan kudune luwih ngerti mbak”.
Lan tanpa nunggu reaksiku dheweke banjur nyambung, “Mangga mbak, aku dhisikan ya”
Dijawab ngono iku aku dadi salah tingkah ora karuwan, lan sansaya kurangajar maneh, dheweke banjur bablas kaya-kaya tanpa beban.
Sinambi mbukak lawang kaca, dheweke sempat noleh lan pandulune tempuk karo mripatku. Krasa tajem kaya Pedhang Kangkam Pamor Kencana gamane Putri Adaninggar. Ananging sorot mipat iku uga adhem angayomi kaya lumahing banyu telaga Sarangan ing wanci esuk. Nalikaning ati ikui isih trataban kena tempuking mripat iku dheweke isih ninggali esem sak ipit maneh.
“Astaghfirullahal ‘adzim” Aku uncal napas landhung karo sinambi njaluk ngapura marang Sing Kuwasa.
“Yen sampeyan pengin ketemu maneh, sampeyen kudu sering mrene ing jam-jam sakmene iki mbak”. Kasir sing kawit mau nyemak diskusiku menehi saran, sajake dheweke ngerti yen aku penasaran tenan karo salah sijine makhluke Gusti Allah sing rada aneh iku.
“Dheweke sering blanja mrene ya mbak?”
“Iya, dina setu lan selasa lan jame mesti yah mene iki jam 2 pujul sepuluh menit”
“Kok isa apal?”
“Telung tahun dadi kasir, ketemu wong sing blanja tanpa gelem diwenehi tas plastik ya mung mase iku”.
“O o, tak kira...”
Takan kos-kosan kedadean mau takcritakake marang Enny Dwi Muslihatin, kanca akrabku wiwit aku ngidak bumi Yogyakarta telung taun kepungkur. Anehe, Enny sing biasanae criwis kaya manuk thilang keteladan gedhang iku kok mung mesam-mesem kebak teges ngrungongokake kabeh critaku.
“Kok mung mesam-mesem to Dik, lucu ya critaku?”
Pitakonku rada anyel, nanging sepisan maneh Enny malah mesem karo mamerke pipine sing dhekik sasisih.
“Kok malah mesem maneh to?”
Karo ngempet guyu lan esem Enny banjur njawab, “Selamat mbak ya, ketoke ati saljumu iku wus wiwit cair kena cahya mripate manusia langka iku”.
“Piye to, aku sansaya ora paham karo jawabanmu, kok kaya slencone Cak Diqin wae”.
“Saka gayamu anggonmu crita lan sunar mripatmu kang kebak kembang, kanggoku iku pratanda kang jelas menawa panjenengan iku lagi nandhang kanker asmara stadium pertama, pancen durung patiya ketara tapi kango dokter specialis kaya Diajeng Enny iki jelas wis isa ndiagnosa kanti tingkat kebenaran seratus duapuluh lima persen. Mbakyuku sing paling ayu kaya boneka giok Dinasti Tang iki wis isa jatuh cinta, he he”.
“Dina iki diagnosamu salah total Dik, aku ora rumangsa jatuh cinta kok”. Jawabku ora yakin.
“Mungkin durung jatuh cinta mbak, tapi minangka gejala awal rasa iku bakal terus ngrembaka kaya enceng gondhok ing rawa Jombor”.
“Ora Dik, aku ora jatuh cinta, tapi mung sekedar rumangsa aneh wae karo gayane sing antik iku”.
“Awale rumangsa aneh, banjur terkesan, wusanane kasmaran...... aduh mbak” Jawabe Enny karo meletake ilate, kang banjur takjiwit banter.
“Mbuh, En ngomong karo kowe kok malah mumet”
Wengi iku aku ora bisa turu, nanging ora kaya lagu lingsir wengine Nurhana. Aku ora bisa turu ora amerga tansah mikirake eseme sing pait madu, utawa sunar mripate sing landhep nanging ngayomi iku (spisan maneh ojo GR mas: kaya sunare mripatmu). Aku ora bisa turu awit sibuk mbukaki koleksi kitab-kitab hadisku sing taksimpen ing hardisk eksternal. Yen ngene iki aku banget ngakoni menawa teknologi iku pancen banget mbantu menungsa. Kitab hadis, tafir, fiqih, lan usuhul fiqh sing cacahe atusan ewu lan ora bakal kamot yen ditumpuk ing kamarku bisa diringkes ing kotak cilik sing aran hardisk eksternal kapasitas 100 Gigabyte iki.
Ayat Qur’an lan Hadis ngenani lingkungan takpilihi lan takprint mbaka siji, pranyata akeh banget. Ana hadis sing nglarang pipis ing pinggir dalan, nglarang bebuwang ing cedhak sumber banyu, nglarang nebang wit-witan sing lagi awoh, lan liya-liyane, pranyata Kanjeng Nabi iku wus menehi dasar njaga kelestariane bumi. Lan wiwit dina iku aku wis nduweni niat bakal ngurangi jumlahe sampah plasik.
Seminggu sawise ketemu sing pisanan, ing dina sabtu tanggal 30 Desember 2006 aku ketemu maneh karo menungsa antik iku ing minimarket kang padha, lan ing kesempatan iki aku ora bakal grogi maneh, awit sakliyane aku wis siap mental (pancen wus takniati pengin ketemu kok) aku uga ngajak Enny minangka ‘pengawalku’.
“Nggawa tas blanja dhewe saka ngomah ya mbak?” Pitakone nalika aku nyegah kasir minimarket nglebokaka blanjaku ing tas plastik.
“Panjengangan bener mas, bumi pancen ora oleh dikebaki plastik,senajan klungsu awake dhewe kudu melu udhu njaga resiking bumi”. Jawabku karo mesem. Dheweke uga banjur mesem sing rumangsaku banget luwih manis tinimbang esem sing seminggu kepungkur. (Dina iki Sliramu kalah manis mas).
“Yen ora kesusu bali, dina iki aku lagi oleh rezeki, lan yen ora kabotan aku kepengin nraktir panjenengan ngopy ing al-Kindi. Iki adhine ya?” Pitakone karo nyawang Enny.
“Bisa wae, aku lagi ora ana acara liya kok mas, lan kenalke iki adhiku sing paling manis, jenenge Enny Dwi Muslihatin isih tedhakturune Ambyak Randublatung” Jawabku karo mesem sepisan maneh.
“Oh ya dikenalke uga jenengku Cahyandaru Atijatmika, cukup diundang nDaru, yen adhine jenenge Enny Dwi Muslihatin, mbakyune sapa asmane?” Dheweke nyebut jenenge karo nlangkupe tangan ing ngarep dhadha. Sajak wus ngerti menawa akhwat kaya Aku lan Enny ora bakal gelem salaman karo lawan jenis sing dudu muhrime.
“Subhanallah, aku durung ngenalke jenengku ya Mas, jenengku Cahyaningtyas Dyah Palupi, biasa diundang Aini”.
Akhire aku, Cahyandaru, lan Enny bebarengan ing al-Kindi, warung kopi sing uga nyediyakake buku-buku, kliping, koran, lan majalah saka njero lan njaba negara. Papan iki kudu sebut Perpustakaan ngrangkep kafe utawa kafe ngrangkep perpustakan angel ditegasake, sing ceta kafe utawa perpustakaan al-Kindi iki dadi papan favorite para mahasiswa lan aktivis kanggo diskusi apa wae, apamaneh telung wulan kepungkur dilengkapi fasilitas Hot-Spot sing isa kangngo ngakses internet kanti gratis, cukup nggawa laptop dhewe saka ngomah. Cocok karo spanduk sing ditulis “Pojok al-Kindi, Papan Rehat Paling Asyik”.
Ing pojok lor-kulon aku wong telu ngobrol akrab banget. Saka lapisan ozon sing jare terus nipis, pemanasan global sing neyebabake keleme pulo-pulo cilik, teknologi kloning, APBD sing kanggo ngragadi bal-balan, nganti perkara lagu-lagu campursari sing waton dadi lan dadi campursaru uga diobrolake ngalor-ngidul bali ngulon kang kadhang uga ngetan.
Wiwit dina iku meh saben dina aku ketemu dheweke ing al-Kindi utawa ing serambi Masjid sakwuse shalat Luhur utawa Ashar. Nanging ojo dikira sing ora-ora, sapatemonku ora nate mung wong loro, nanging tansah karo Enny lan kadhang-kadhang uga karo Mas Thufail calone Enny sing lagi bali sekolah saka Harvard kang rencanane 15 Juni sesuk bakal nikah. Sapatemon-sapatemon iku tansah diisi tukar wawasan lan kadhang-kadang uga silih-silihan buku lan jurnal luwar negeri sing lagi terbit.
Sawetara iku, ana rasa kang terus ngrembaka mbaka menit ing atiku. Aku ora ngerti wiji apa sing ngrembaka iku. Menawa sedina wae aku ora ketemu dheweke ana rasa sing ora jangkep ing atiku. Jare Enny lan uga dibenerake Mas Thufail, wiji iku arane wiji kanker asmara.
Aku ora kepengin ngerti apa pancen bener aku wus nandang asmara apa ora, sing ceta dina-dina sing takpecaki krasa luwih ana artine, wangine kembang melati ing wektu lingsir wancine aku shalat wengi dadi krasa beda, luwih wangi lan nentremake, ocehe manuk uga krasa luwih resep, mawar kuning ing latar mesjid uga krasa luwih endah disawang. Dina-dina sansaya krasa kebak kembang * * *
Mas Damar, mestine panjenengan wus bisa nggagapi teruse critaku iki. Ananging critaku iku durung rampung tekan semono, minggu ngarep takkirim sambungane. Panjenegan ora perlu kaget nalika maca sambungane
Wonokromo, 31 Januari 2007
Adhimu sing wus ora oleh panjengan tunggu
Cahyaningtyas Dyah Palupi
“Dyah Palupi, Putri Sekardadu sing paling ayu, nganti dina iki aku ora lali marang kabeh janjiku” gresahku karo nyruput teh panas sing lagi diladekake Yu Triastuti.
“Wis-wis, nglamune dipending dhisik, naskah resensi bukune sing kedawan iki ndang dipotong” Dwi Agus Marjono saka bagian Lay-out bengok-bengok mbuyarake wewayangane Aini sing nganggo jilbab jambon sing lagi wae kacitak ing alam imajinasiku.
“Sekardadu kangen sliramu Gusti Putriku”
_____________
Cerita ini pernah dimuat di Majalah Jaya Baya Surabaya (dengan sedikit modifikasi), tapi aku lupa edisinya

0 komentar:

Poskan Komentar