Jumat, 02 Januari 2009

pesta tanpa makna


AKU DURUNG KEPENGIN TANGI
Tengah wengi iki aku kepeksa tangi
Bledhose kembang api lan gumerahe suwara tengara
nggusah kabeh impenku kang temali wiwit sore

ing tengah kutha
Bocah-bocah padha jejogedan
sinambi mamerake maneka suwara

Taksawang langit wengi kang kesaput mendhung
Dampyakan lintang katon nyabrang garising cakrawala
: kabeh isih pada karo dina wingi

Nalika wengi bali sepi
Aku bali mapan turu sinambi muji donga
Gusti, tangekna aku ing taun kang pancen anyar
kang tanpa kabar duhkita saben dina
tanpa crita asmara kang kudu terus cabar
tanpa perihing ati kang terus pineksa sigar

Gusti,….
tangekna aku kapan-kapan wae
aku isih ngantuk
Glagahsari, 1 Januari 2009

0 komentar:

Poskan Komentar