Rabu, 07 Januari 2009

ANGIN KANG SANSAYA GARING

ANGIN KANG SANSAYA GARING
Dening: Isngadi Marwah Atmadja
sepisan maneh
peso takdir iku neteg ototing panguripan
getih kang bali tumetes coba takwadahi takir kang
wingi bengkah nalika takanggo
newu segara

jroning dongaku
teken putung kang kasisa iki dakpuja dadi
sada lanang lan cemeti kalanjana supaya
angin garing-E bisa dakgiring
ngadoh saka pategalan aking

sepisan maneh
peso takdir iku wus ngukir jantraning sejarah lan
nalikaning blencong wiwit sumunar madhangi geber
aku bali kapatah kudu njrebabah
mikul dharma minangka wong kalah

Palupi,
sadurunge geber katutup aku kepengin jumerit
nyuwarakake tresnaku marang sliramu
__________
geguritan ini pernah dimuat di Majalah Jaya Baya Surabaya (dengan sedikit modifikasi), tapi aku lupa edisinya

SLIRAMU ORA PERLU NGERTI
Dening: Isngadi Marwah Atmadja
wengi sansaya sepi
daradasih kang kasmaran terus jumelih
ngundang kekasihe saka pang randu garing
suarane terus gemontang tanpa sautan

saka kadohan
tak sawang rembulan tanggal tengahan
pucet kakupeng mega

Palupi,
sliramu ora perlu ngerti
menawa wengi iki
ana tangis kang kasimpen ing pojok langit

senajan nyebut jenengmu
pecahing tangis iku
ora amerga salahing ulah lan wicaramu

0 komentar:

Poskan Komentar