Kamis, 21 Oktober 2010

untuk ibu


ING WATESING CAKRAWALA
(: ibu)
nyemak uripmu
kaya numpak getheg kang kumampul ing tengahing  segara
kaya nyawang layangan kang mabur ngetutke angin
ora ana watese kejaba langit

maca tapak sikilmu
mung ukara tulus kang patut tinulis

ora suara sambat apamaneh tangis
kang mrojol saka latimu mung suara dzikir

umur pancen winates
lelabuhanmu wus tumumpuk
ngungkuli jaman
: dadi undhagane lawang swarga?
Kedunggalar, 24 Muharram 1430 H
guritan ini pernah dimuat di Jaya Baya Surabaya

Selasa, 12 Oktober 2010

ING SELANING WANGI KEMBANG


Geguritane Isngadi Marwah Atmadja



satemene
aku isih eling welingmu

menawa
kabeh titah bakale bali
yen ora saiki
mesti ana dina sesuk ing dina kang wus pinesti

senajan ora urut kacang
kabeh mesti keduman

satemene
aku isih eling welingmu
tetesing luh
ora bakal ngubah apa-apa
kaya tangisku nalika semana
nalika melu nyuweki mori
kanggo kanjeng rama

ibu
senajan ora ing pangkonmu
lilanana putramu nangis
kanggo dina iki wae
Plengkung Ngarengan, 2 Pebruari- 2 Juli 2008